Senin, 22 Oktober 2012

Materi Bahasa Jawa Kelas XI Semester 1

Materi Bahasa Jawa

Materi Bahasa Jawa

Tanggap wacana (sambutan) lan khotbah iku kalebi jinising sesorah utawa medharsabda. Mulane kuwi, syarat, tata cara lan metode kang kagunakake padha karo sesorah. Sing mbedakake among ancas utawa tujuwane. Medharsabda utawa sesorah nduweni tujuwan medharake isining adicara kanthi cetha wela-wela, terang trawaca; dene yen tanggap wacana kalebu jinising sesorah sing medharake atur panuwun lan sebab-sebab adicara kuwi diadani/dianakake. Gampange, tanggap wacana kuwi among nyambut lan ndherekake para panyarta tumuju ing babagan inti/wos kanga rep dirembug. Dene sesorah kuwiwis medharake babagan kang wos utawa inti.

 Ing ngisor iki teori babagan sesorah.

A. Werdinipun Sesorah

     Micara, sesorah, utawi pidhato, uga sinebut medharsabda yakuwi nglairake gagasan, panemu, utawa osiking ati sarana lisan ana sangarepe pawongan akeh. Tumindak micara kuwi kalebu sakabehing pari-polahing wong sing mujudake polahing tumindak , kalebu obahing awak, pasuryan, rasa-pangrasa sarta jiwaning manungsa. Mula kuwi panindaking micara sawenehing wong bias ora lumaku kanthi apik, amarga ora ana wong urip sing sampurna. Mula sesorah kudu digladhi, tansah nyinau sarta nulad para priyayi singwis limpat. Wong pancen sesorah sing apik kuwi ora saderma ngapalake.

   Menawa mangkono, sawenehing pawongan sing kapatah dadi panata titi laksana kuwi uga kalebu pawongan sesorah utawa pidhato, ananging beda jejibahane. Bias trampil sesorah kuwi kudune sregep sinau lan seneng gladhen.

 B. Jinising Sesorah

   1. Sesorah kanthi cara apalan/memoriter

   Sesorah kanthi cara iki, juru pamedhar sabda kudu ngasta cathetan utawa tulisan luwih dhisik banjur diapalake nganti ora ana tembung-tembung kang kacicir. Dadi ora ana panemu-panemu anyarrasa-pangrasa amarga wis tinulis kabeh ana sajronong cathetan sing wis digawe. Mung wae, yen ana apalan kang kelalen, bisa njalari kabeh apalan kang wis dilakoni ilang. Cara iki mung digunakake kanggo pawongan utawa bocahh-bocah sing nembe ajar pidhato.

   2. Sesorah kanthi cara naskah/teks/manuskrip

   Sesorah utawa pidhato cara naskah utawa teks kuwi juru pamedhar sabda kudu ngasta naskah nalikaning pidhato banjur diwaca sawutuhe. Cara iku biasane digunakake para pejabat utawa punggawaning negari, mligine ana upacara-upacara resmi. Kanthi ancas supaya ora mlenceng karo tjuan sakawit, ora kliru lan wektu kang sumadya winates. Dene yen ana rembug-rembug liyane antaraning pejabat lan masyarakat diterusake ana ing acara sarasehan utawa temu wicara.

   3. Sesorah kanthi cara dadakan utawa impromtu

   Pidhato cara dadakan kuwi, pidhato sing ora kkanyana-nyana sadurunge. Mula saka kuwi, pawongan sing tinanggenah sesorah kanthi cara iki kudu pawongan sing wis trampil ing pamicara lan sugih pengalaman uga kawruhe. Kepara pawongan mau wis kalebu ahli sesorah.

   4. Sesorah kanthi cara ekstemporan

   Sesorah cara iki, juru pamedharsabda kudu ngasta cathetan cilik (outline) minangka gaman utawa pangeling-eling urutaning isi sing bakal kawedharake. Cathetan mau mung isi wos-wosing gati sing arep diwedharake. Cara iki biasa digunakake dening dwija kang arep mulang ana ing sangareping muride.

C. Cengkorongan Sesorah

1. salam pambuka
2. atur puji syukur marang Pangeran
3. atur kasugengan, kairing atur panuwun
4. wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah
5. atur nyuwun pangapura (tumrap sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadhin)
6. panutuping atur/salam


Tanggap Wacana

1. Salam Pambuka
2. Purwaka basa ( atur kinurmatan, atur puja-puji, atur panuwun)
3. Surasa Basa
4. Dudutan (pangajeng-ajeng)
5. Wasana Basa
6. Salam Panutup

Surat Pribadi

1. Papan titimangsa
2. Adangiyah
3. Salam pambuka
4. Purwaka Basa (atur pamuji, kabar keslametan)
5. Surasa Basa
6. Wasana Basa
7. salam panutup
8. Prepenah (sopo sing gawe surat)
9. Tapak asma
10. Nama Terang

Macapat

- miturut kebudayaan jawi sekar macapat menika mujudake sastra jawi ingkang isinipun nggambaraken lampahipun gesang wiwit lahir dumugi pejah.

1. Mijil
2. Kinanthi
3. Sinom
4. Asmaradana
%. Dhandanggula
6. Gambuh
7. Pangkur
8. Durma
9. Maskumambang
10. Megatruh
11. Pocung

Maturnuwun